Make your own free website on Tripod.com
Blog Tools
Edit your Blog
Build a Blog
RSS Feed
View Profile
12 Apr, 04 > 18 Apr, 04
You are not logged in. Log in
Entries by Topic
All topics  «
[+] mokhtar hanafi :: personal logs [+]
Tuesday, 13 April 2004
Ndlosor nang Jalan Ijen
Iki kenangan karo ahong, pas mari nyambangi ciproet nang Rs. Saiful Anwar. Kebetulan iku aku seminggu pas mari Yudisium. dadi wes rodok santai pooll lah. itung2 refresing mari kerjo nggarap skripsi pirang wulan. mari teko saiful, moleh ne aku karo ahong lewat jalan ijen. niate pingin jalan2 sekalian cuci mata. awale sih gak onok firasat opo2 (opo aku karo shong sing gak kroso yoo). pas mari lewat ngarepe musem brawijaya, aku karo ahong sepedaan pelan2 ae, gak banter blas. santai lah, wong sore2 sekalian cuci mata. maslahe nek nang malang, sore2 ngene lumayan akeh arek2 mahasiswi mlaku2 cuci mata. sekalian arep lewat ngarepe SOB+Unmer Pariwisata. kan cewek kabeh, sedangkan kene kan arek Teknik, cowok Thok.pas lewat pertigaan sing arep nang dempo, onok Taxi nyalip pelan2. Gak ngreting gak opo kok ndadak menggok. opo maneh ahong motone rodok error.terjadilah tabrakan yang tidak kita inginkan. padahal aku sakwulan maneh arep wisuda. pancene ahong jancokan kok. Ahong ndlusup nang aspal (wong aspal kasar kok koen embung hong), aku mecethat lumayan adoh.tapi lumayan gak nemen koyok ahong. aku mek beset pelipisku karo sikilku getihen thikthik. lha ahong bonyok kabeh. Untune puklek telu, rahange mensle, janggute suwek, trus sikile getihen beset2. Untungahe sopire taxi iku maeng apik an. aku karoahong di terno nang rumah sakit saiful anwar.ngenteni suwe nang UGD (jancok.. ngantri akeh)..akhire wes suwe ngenteni, aku karo ahong dirawat (mugo2 perawate ayu2). aku mek diberseni ae luka ku. lha.. ahong janggute kuduk di jahit. arek e misuh2 nang doktere nek gak gelem di jahit. tapi jare doktere malah bahaya nek gak di jahit. isok inpeksi lah. akhire ambek berat hati ahong gelem dijahit (untung gak diobras).
ternyata perawate sing arep njahit muanisss pol... tapi ahong gak ngerti masalahe raine ditutupi kari kain. mek janggute thok sing ketok (kaine bolong).pertama njahit dokter muda, lumayan ahong gak loro kabeh. lha kedua perawate sing njahit, ahong njerit berok2 gak garuan. jare loro kabeh. poolll. arek e malah misuh2. trus tak kandani nek perawate ayu+manis. arek e trus meneg. mari dijahit + njerit2, ahong ngintip, ternyata arek e ngguya ngguyu ndelok perawate iku maeng. manis temenan rek...eh.. gak sido muring2. malah aku duwe ide, tak jupuk potone nang tas ku, trus aku+ahong+doktermuda+perawat manis iku amneg poto2an nang UGD.. hahahahhahah....malih dadi lucu..sampek saiki untune ahong sik durung disambung, trus pelipisku yo sik onok belange. gak popolah gawe kenang-kenangan meneh nek wes tuwek.

piss 4 ahong

Posted by hanzw0 at 3:20 PM
Post Comment | Permalink
Pemantau Pemilu 2004 : Nuyung mobil bosok kampus maneh ?
Rek, masih ingat kenangan kita waktu dadi pemantau pemilu 1999 dulu? siapai mau lagi jadi pemantau pemilu 2004 iki ? kalau aku masih mau mikir2 lagi beberapa kali lah..sopo gelem nyurung mobil pick up abang sing bosok iku?mari masang spanduk nang endi iku.. waduh.. aku lali jenenge rek...jamput.. aku bener2 lali jenenge....hahhahahah tapi untung aku gak melok, sakdurunge aku wes nduwe firasat gak enak.. .. emboh.. kok dadi males ae aku melok. tapi gak popolah tinimbang dadi obat nyamuk e andreas sing lagi ngojob plus kelonan karo heni.. kekekkekeek.....nggarai kepingin ae..mbasi kebagian thithik yo emoh nek bekase andreas...... gak onok sing apik...kekekekek
nek saiki kan seje maneh ceritone.. mungkin kalian lah yang masih setia di itn (durung lulus2 maksude), isok ngiling2 maneh kenangan kit adulu opo arep mbaleni maneh. saiki wes gak sempat maneh.. sibuk rek...mendingan lembur golek duwek. tull kan...opo melok kampanye nang singapore..
wes ngunu ae...sopo sing arep nambahi maneh. from pethizch@batamisland

Posted by hanzw0 at 3:12 PM
Post Comment | Permalink

Newer | Latest | Older